Jane rodo bingung arep nulis opo bab wong Jowo. Wong Jowo ki panganan opo to? Basane wae wis rupa-rupa, ono kromo inggil, kromo madya, ono ngoko, ono coro suroboyoan, ono coro jawa etan kidulan (rodo mambu solo), ono coro solo, ono coro yokja, ono coro semarangan, ono coro blora/pati/cepu, ono coro tuban/bojonegoro, ono coro ngapak tegalan, jare wong antropolog: subkultur.
Mangkane iki yo sak karep wae. Yen lagi pengin nulis coro jawa etan, coro kono ra popo, yen lagi pengin coro jawa tengahan yo ra popo. Hla nanging sing coro ngapak ki aku jan ra iso tenan. Sing pecas ndahe ki, nek nganggo boso kromo inggil. Boso dhuwur sing biasane dinggo priyayi-priyayi. Jare Priyayi ki ora mung bab turunan, nign sih luwih penting tata krama lan tata laku.
Wong Jowo ki sak Indonesia yen diarani njajah wong liyan jane yo ra patut. Lha ning Presidene Indonesia, ping nem, sing limo wong jowo. Edan ra? Koyone wong Jowo ki dhuwur wekasane, ning kok sing mlarat sing akeh ki wong Jowo. Biyen dhek Indonesia durung merdeka, sing paling suwe dijajah yo wong Jowo. Jare saking nrimone. Yen jareku, merga jane wong Jowo ki liyane pasrah, sing paling ketok ki mung seneng ndagel.
Ndagel ki sing nylametke wong Jowo soko roso ketindes lan kepekso. Lha sing dinggo ndagel ki yo uripe dhewe. Ora ono critane wong ndelok uripe dhewe sing ketula-tula trus diguyu dhewe yen ora wong Jowo. Mulane tukang ndagel ki sing paling payu yo Srimulat, grup lawak sing wonge akeh wong Jowo soko Solo. Gamane wong Jowo jare keris, ning keris jane mung kanggo sipat kandel. Gamane wong Jowo sing paling edan yo aluse lan ndagele. Srimulat ki jane ndagel nganggo coro gawe awake dhewe iso diguyu. Hla wong Jowo liyane kroso yen sakjane sing diguyu ki yo awake dhewe, dadi melu ngguyu
Urip coro Jowo ki jane gampang-gampang angel. Gampang yen jane ngerti urip ki jare mung sakdermo nglakoni, kudu sak madya, mung mampir ngombe. Angel yen ngerti tata laku lan tata kramane sing njelimet kuwi. Ora kabeh bab mesti diomongke yen wong Jowo. Basane njelimet, muter-muter karepe ra jelas, ning sing dijak ngomong kudu ngerti surasane. Kuwi durung yen wong ora ngomong blas. Karepe kudu dititeni soko meseme, solahe, mripate, lan sapiturute. Rak angel tenan to?
Ning sak Indonesia Raya mbok ning ndi wae, gampang ketemu wong Jowo. Mulane diarani wong Aceh yen wong Jowo ki njajah. Njajah ki jane yen mitirut boso Jowo, ora karepe nindes. Ning nekani, tau nekani, tau ngidek lha kuwi diarani njajah. Hla mbok ning Malaysia po, wong Jowo yo gelem. Wong jarene, mung golek urip. Lha kae sing mbangun Menara Petronas sopo, yen oran wong Jowo. Maksude sing penekan nyemen lan pasang ragangan.

)
Presiden sing terkenal soko Jowo yo Soeharto kae. Wah, jan hebat tenan. Jare wong bule, despot tenan. Hla ning buktine sing dipimpin ki lo gelem 32 taun. Hla saiki jamane demokrasi, malah ora karu-karuan. Wong podho krayahan dhewe-dhewe. Wiwit ngisor nganti ndhuwur podo wae.
Haaa ning aku ki yo wong waton nggunem. Sing penting ora melu krayahan. Jare kancaku yen wong Jowo oleh duwe rong pilian. Siji, pilih dadi tai, digebyur banyu, dipendhem, diidek-idek, digawe rabuk tanduran. Lan sing liyane, bajingan, yo kuwi wong-wong sing dolanane tai. Piye jare?
pancen bner kang kabeh ngendikamu